Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bismillaahirrohmaanirroohiim…
Alhamdulillaahirobbil’alamiin….wa
bihi nasta’in wa ‘ala ‘umuriddun ya waddiin, washsholaatu wassalaamu ‘ala
asyroofil anbiyaai wal mursaliin wa ‘ala aalihi washohbihi ajma’iin….(banyak
pilihan yang lain).
Wonten ing ngarsonipun poro
Alim, poro Kyai, ingkang dalu soho rinten, tansah sumandhing Kitab suci wahyuning
Ilahi, minongko panuntun kiblating panembah,
ingkang satuhu luhuring budi.
Panjenenganipun, poro priyagung
dhaharingnoto, poro sarjono sujaning budi, ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Panjenenganipun, pangarsaning
pawiyatan, MTs, soho Bpk/Ibu Asatid, ingkang hanggung mastuti dumateng pepoyaning
kautaman. Utaminipun Bopo Ketua Yayasan, sak pengurusipun.
Poro Wali Santri / tamu
undangan, kakung, sumowono putri, ingkang pantes pinundhi, soho kinabekten.
Kadang kinasih talamid
MTs, ingkang pantes sinudarsono, dahat kalinggo murdaning pambudi.
Kanthi linambaran
pepayung budi rahayu,miwah hangaturaken sewu agunging aksomo, mugi pinarengo
kawulo hambuko wiwaraning suko, wenganing wicoro, dwaraning kondho, nuninggih
mradopo awit saking keparengipun Panitia Haflah Akhiruddirosah Yayasan
Asysyafi’iyah Banyumanis. Kawulo pinji hanjejeri minongko pangendaliworo
saperlu mratitisaken murih rancahing titilaksono adicoro Haflah Akhiruddirosah
ingkang prasojo ing dalu meniko.
Pramilo saderengipun
kawulo haturaken menggah reronceneng toto adicoro, kinaryo kawurwani lekas
wekasing karti gatineng karyo murih purwo madyo wasanatansah manggih rahayu
kalising rubedo nir ing sambikolo.
Sumonggo, langkung rumiyin,
kawulo dherek’aken hamengku pujo, ngunjuk’aken sembah puji syukur, wonten ngarsanipun
Gusti, ingkang moho wikan, ingkang sampun kepareng, paring rahmat lan nikmat, gumelaring alam gesang, wonten
ing madyaning bebrayan agung, katitik rahayu, sagung dumadi, tansah kajiwo lan kasahiro,
dhumateng panjenengan sedoyo, dala san kawulo, sahinggo kito saget hanglonggaraken
penggalih, haminakaken wanci, soho paring pangestu berkah pandungo, dumateng tamatipun putro-putri
kelas IX MTs meniko, Amin.
Poro lenggah ingkang sinubo
sagunging pakurmatan, wondene, menggah reroncening titilaksono adicoro, ingkang
sampun rinancang, soho rinacik, kados ing ngandhap puniko, Senin Legi suryo kaping
19 Sya’ban Candranipun 1435 Hijriyah/ 16 Juni 2014 M.
Setunggal : Pambuko
Kalih : Waosan Ayat-Ayat Suci Al-Qur’an
Tigo : Tahlil
Sekawan : Asung Panglipur Wirosworo
Gangsal : Atur Wursito
Enem :
Pitu : Istirokhah
Wolu : Sabdo Tomo/ Mauidzoh Hasanah
Songo : Panutup Soho Panyilep
Amrih laju lampahing titilaksono
lumados ing adicoro, tumunten enggal kawiwitan.
Adicoro ongko setunggal,
nuninggih, pambuko, kanthi pujo puji pudyastuti
handedungo hanyuwun lumebering sih wilasaning gusti, mugi-mugi, tumapakaninggati
Haflah Akhiruddirosah puniko, tetep widodo nir sambikulo, manut pandungoboso, kapitadosanipun sowang-sowang,
kanthi hanggilut niat, sumonggo kawulo dherekaken
maos Ummul Kitab, Al Fatihah……………………..Amin.
Titi laksono adicoro ongko
kalih, nuninggih, waosan Ayat-Ayat Suci Al-Qur’an, ingkang badhe dipun aturaken
sedherek …………………………….., sasono wasono, soho
pandoyoworo, kawulo aturaken, sumonggo.
Ndungkap adicoro ingkang
ongko tigo, nuninggih, Tahlil, ingkang badhe dipun pangarsani kadang kinasih
Bopo H. Hendrik, wasono sasono, kawulo aturaken
sumonggo.
Dene titi laksono adicoro
kaping sekawan, nuninggih, Asung Panglipur Wirosworo, ingkang badhe
kapentasaken putro/putri kelas songo, wekdal dipun aturaken, sumonggo.
Ndungkap titi laksono adicoro
kaping gangsal, nuninggih, aturwursito.
a. Atur
wursito, minongko sulih sariro klas IX, ingkang badhe dipun wakili sedherek
Asmahan Aji Rahmania, wekdal kaparingaken sumonggo.
b. Atur
sesulih pawiyatan ingkang tinilar ingkang badhe kaaturaken kadang kinasih Kholifatun
Nisa’, sasono dipun sumanggaaken.
c. Atur
pambagyo wilujeng dalah pamuji, ingkang badhe kaaturaken dumateng pangarsaning
pawiyatan MTs, nuninggih, Bopo….. dene
sasono dipun aturaken, kanthi mardu mardikaning penggaleh, sumonggo.
d.
e. Atur
wursito pambagyoharjo, ingkang badhe kaasto pangarsaning Yayasan, nuninggih, Panjenenganipun
Bopo …………………….., papan soho panggenan
dipun aturaken, sumonggo.
Wondene titi laksono adicoro
kaping enem, nuninggih, paduan wirosworo, ingkang badhe kapentasaken putro putri
, wekdal dipun aturaken,
sumonggo.
Ron klotoh naminipun so,
Haminangkani ongko 7, nuninggih wekdalipun ngaso, ingkang bade kaginaaken pambiyoro
/ pengumuman soho sanes-sanesipun.
--------------------------------------
--------------------------- --------------------------------------
Ndungkap adicoro candhakipun,
nuninggih, ingkang kaping 8, inggih puniko wursitoworo, soho sabdo tomo, utawi ingkang
kalimrah winasta, Mauidzoh Hasanah, ingkang bade dipun wedaraken, deneng Panjenenganipun,
Bopo …………………
Pramilo, sasono wicoro,
soho pandoyoworo, kawulo caosaken, kanthi mardumardikaning penggalih, sumonggo
-------------------------- -------------------------------- -------------------------------- -----------
Kados mekaten wedharing
wursitoworo, ingkang sampun kababar, kanthi reroncening renggeping boso campuran, ingkang
sampun tetes, tatas, titis, saget kangge matitisaken laksitaning bebrayan, utaminipun,
wonten ing laladan pawiyatan pendidikan, terutami tumrap poro anak, ingkang badhe
ambyur, nyilemi pawiyatan candhakipun, Amin Ya Robbal ‘Alamin.
Poro Bapak, poro Ibu, kakung,
sumowono putri, Haflah Akhiruddirosah sampun
paripurno, mliginipun tumrap pambyoworo,
saklebetipun hangaturaken lumantaring adicoro awit saking purwo, madyo, ngantos
trusing wasono, wonten klinta klintunipun,
kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksomo.
Jenang selo wader pari
sesanderan.
Sugeng kundhur, mugiyo wilujeng,
ngantos dumugi pidalemipun sowang-sowang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar